Visitors


Kamis, 11 Agustus 2016

Plesir menyang Lamongan

Nama : Kresna Wahyu Ramadhani
No         : 18
Kelas : XII Mipa - 2


Plesir menyang Lamongan

Pas wayah preian Aku, Jodi, Joni, Farist lan Fahregi ngenekake rencana plesir menyang Lamongan. Dinane wis di tentukne budal tanggal 8 april 2016 nanging enek ae masalah, contone Farist kurang sedino ngretehi arep gak melu amarga ora diparingi ijin  marang Ibune, Jodi sing ngerti yen Farist ora melu, maleh melok-melok ora melu pisan alesane ora dhuwe dhuwit lan ora ana barengane, akhire Aku, Joni lan fahregi panggah budal neng Lamongan cah 3. Jam 8 isuk aku nyiapne barang-barang sing arep tak gowo menyang Lamongan, sekitar jam 12 awan Farist ngebel yen dheweke arep melu neng Lamongan, Jodi ngerti yen Farist melu budal menyang Lamongan Jodi akhire melu budal menisan. Jam 1 awan Aku budal marani Fahregi, tekan omahe Fahregi lha kok udan deres neng omahe Fahregi ngenteni sampek jam setengah 2 akhire terang lan budal marani Farist neng Tegowangi, sawise marani Farist. Aku, Fahregi lan Farist budal marani Jodi. Pas budal marani neng omahe Jodi tibake Aku lali dalan menyang omahe Jodi. Aku, Fahregi lan Farist kesasar ing desa Ketangi. Farist ngomong “ gi, awakmu jane eroh omahe Jodi opo gak to”, Fahregi “ aku lali dalane sawise sawah-sawah mau gang piro”. Aku “Ealah gi, ngono kuwi mau ngomong lak gak ngerti dalane neng omahe Jodi”saurku. Akhire Aku lan Farist takok marang wong sing neng daerah Ketangi nanging apese ora enek sing ngerti omahe Jodi. Jodi di telpon ora diangkat meh sak jam ngenteni neng Ketangi, sawise ngono saka kadohan ketok Jodi marani. Jodi nakok’i “ Lha kok iso saka kene barang, kok ora liwat suminar ae”. Farist ngomong “ iki mau gara-gara Fahregi jarene ngerti omahmu tibakne gak ngerti”. Fahregi mangsuli “ Jenenge wong lali di apak apakne panggah lali”. Aku “Durung teko Lamongan ae wis kesasar opo maneh teko kono”. Akhire sekitar jam 3 teko omahe Jodi, pamitan terus budal neng omahe Joni desa Kunjang. Aku, Jodi, Fahregi lan Farist ora ono sing ngerti omahe Joni kuwi sing endi akhire kesasar maneh neng sawah sawah. Mari ngono Jodi ngebel Joni, Jodi “ Jon, aku wis tekan sawah sawah iki terus nyang endi”. Joni mangsuli “ sawah sawah kuwi lurus engko yen enek pertelon ke loro nganan terus lurus engko enek gang ke loro ngirio aku neng ngarep omah”. Aku “ Ealah omahe daerah plosok , koyoke iki engko kesasar maneh”. Farist ngersulo “Omahe Joni angel eram golekane”. Sawise tekan Omahe Joni, pamitan Mbahe Joni terus budal menyang Lamongan. Ing perjalanan karo Joni di jak menyang SPBU jombang “Rek sholat dhisik, ngisi-ngisi bensin dhisik “.
         Akhire kabeh sholat lan ngantri ngisi bensin, sekitar jam 4 sore perjalanan di terusne Aku di gonceng Jodi, Farist di gonceng Fahregi, Joni dewean, Joni neng ngarep amargo sing ngerti dalane. Sak tekane ing perbatasan Jombang-Lamongan. Kabeh mandek dhisik fotonfoto ing gapura selamat datang di Lamongan sing enggone ing tengan alas, sawise foto-foto perjalanan di terusne. Sekitar jam 6 bengi kabeh leren dhisik ing SPBU sholat , perjalanan di lanjutne. Aku sing di gonceng Joni takok “ Jon iki ijik adoh”. Joni wangsuli “ 60 km meneh”. Sawise tekan dalan pantura Aku takok maneh “Jon iki ijik adoh opo gak ”. Joni wangsuli “ 20 km meneh kilo meneh”. Aku “ Adohmen to omahe Mbahmu”. Sekitar jam 8 bengi Aku, Jodi, Joni, Farist lan Fahregi tekan ing Kota Lamongan perjalanane mboseni amarga dalane lurus, peteng lan akeh truk. Fahregi sing goncengan karo Farist takok “jon iki jik  opo gak”. Joni nyauri “ sekitar 15 km maneh rek, santai ae”. Farist ngersulo “ ket mau kok jik adoh to Jon jane omahe mbahmu endi to”. Sekitar jam setengah 9 kabeh mandek neng indomaret blonjo blonjo jajan lan ngombe. Aku neng ngarep karo Farist omong-omongan “ peh Rist adoh eram omahe mbahe Joni”. Farist “ iyo e mbuh wi Joni di takoki kurang 20 km, 15 km, ngono tibak luwih adoh “. Sawise blonjo-blonjo perjalanan di terusne, Jodi takok neng Joni “Jon iki ijik adoh”. Wangsulane Joni “ iki sekitar 6 km maneh Jod, sabar”. Jodi “ tenan iki 6 km maneh”. Sekitar 20 menit tekan omahe mbahe joni, salaman lan langsung neng kamar. Joni ngejak neng alun-alun “ rek ayo neng alun-alun”. Jodi “ayo Jon adoh gak alun-alune”, Fahregi “ ayo pumong neng Lamongan kapan iso mrene bareng bareng”, Joni wangsuli “sekitar 25 km teko kene”, Aku “25 km Jon, gak kurang adoh”, Farist “ kesel Jon-Jon sesok ae lah durung mangan iki”. Mbahe Joni masak lan kabeh mangan bareng neng mburi.
           Sawise mangan lan salin kabeh langsung mlebu kamar, neng kamar Aku ngletak merga kesel liyane malah ndelok tv nanging Fahregi malah dolanan laptop, kabeh sepakat lak sesok budal neng pantai Delegan sekitar jam 11 kabeh lagek turu. Sesuk’e sekitar jam 8 kabeh lagek tangi, tangi terus mangan pas jam 9 budal menyang pantai Delegan, perjalanan sekitar sak jam. Akhire tekan pantai neng kono foto-foto, dolanan banyu lan mangan jajan sing di tuku wingi. Jam 2 kabeh ngejak muleh, tekan omahe mbahe Joni terus mangan lan mlebu kamar leren, Joni lan Jodi langsung mapan turu Aku Farist lan Fahregi ndelok film neng laptop sampek jam 5 adus, sholat mangan bar maghrib budal menyang alun-alun Lamongan. Sak tekone neng alun-alun terus foto-foto lan nggolek mangan, akhire ngopi , urunan tuku jajan lan nyantai gak kroso wes jam 9 bengi. Muleh menyang omahe mbahe Joni , sak tekane neng omahe mbahe Joni langsung mlebu kamar turu amarga kesel. Sekitar jam 2 esuk Joni nggugah arek-arek “ rek tangi tangi ndelok bal balan.” Akhire Aku karo Joni sing ndelok bal-balan, saking  serune  Joni bengok-bengok, akhire jam 4 isuk Aku karo Joni lagek turu. Sekitar jam 7 kabeh pada tangi terus adus, mangan lan pamitan marang mbahe Joni yen kabeh arep wangsul menyang Kediri. Jam 9 lagek budal menyang kediri ing perjalanan Aku sing goncengan karo Jodi mlaku kalem-kalem amargo numpak motor bebek, Joni, Fahregi lan Farist sing numpak motor matic iso mlayu banter dalan sing di liwati akeh bolongane lan truk gedhi-gedhi. Sakwise tekan alas lamongan jam 11 kabeh leren neng warung pinggir dalan ngopi-ngopi lan mangan jajan foto-foto. Perjalanan di terusne akhire sekitar jam 1 lagek teko omahe mbahe Joni sing Kunjang. Leren sedilut , Aku budal maneh ngeterne Jodi Fahregi budal ngeterne Farist. Tekan omah jam 3 sore Aku langsung mapan turu amarga kesel.

Share:

Online


Ganti Background Blog Ini!


Get Widget

Mengenai Saya.

Kediri, Kediri, Indonesia
Matur Suwun kulo aturaken engkang sampun rawuh dhateng mriki
Diberdayakan oleh Blogger.

Blogger templates